Khotbah Jum'at Bahasa Jawa: Tumindak Ghibah



Tumindak Ghibah


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. 
أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. 
: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ


Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sumangga, kula dherekaken sesarengan sami nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Swt.. Mugi-mugi gesang kita tansah wilujeng, ayem, tentrem kalis ing rubeda wiwit ing ‘alam donya punika ngantos benjang wonten ing ‘alam akhirat.
Salawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng panutan kita Nabi Muhammad saw., sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat lan sadaya tiyang ingkang tansah manut mituhu dhawuhipun. Amin.


Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Agami kita Islam paring dhawuh dhumateng ummatipun supados tansah gesang kanthi guyup rukun dhumateng sesami ummat Islam. Jalaran sesami Islam punika satunggal aqidah, ingkang boten prayogi sami cecongkrahan lan padudon, sanajan inggih wonten perkawis furu’iyyah ingkang mbetahaken saling pengertian lan saling memahami satunggal lan satunggalipun. Allah Swt. paring dhawuh:

“Ora ana peksan ing dalem (mlebu) agama (Islam), (nanging) sejatine wis tetela dalan kang bener sakadene dalan kang luput. Amarga iku, sapa wonge kang ingkar marang Thagut, lan iman marang Allah, mula satemene dheweke wis cecekelan marang tampar kang banget kuwate kang ora bakal pedhot. Lan Allah iku Maha Midhanget tur Maha Mirsani.” (QS. 2 [Al-Baqarah]: 256).


Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Minangka kangge jagi persatuan lan kesatuan ummat, agami kita Islam ngawisi tumindak Ghibah (ngrasani), kados dhawuh pangandikanipun Allah Swt.:

وَلَا تَجَسَّسُوا وَلَا يَغْتَبْ بَعْضُكُمْ بَعْضًا ۚ أَيُحِبُّ أَحَدُكُمْ أَنْ يَأْكُلَ لَحْمَ أَخِيهِ مَيْتًا فَكَرِهْتُمُوهُ ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ تَوَّابٌ رَحِيمٌ

“…lan sadhengah sira aja ngandha (ngrasani) ala marang sadhengah liyane. Apa ana salah sawiji saka sira seneng mangan daginge sedulure kang wus mati?. Mula mesthi sira kabeh ngrasa jijik. Lan padha takwaha sira kabeh marang Allah. Satemene Allah Maha Nampa Taubat tur Maha Welas.” (QS. 49 [Al-Hujuraat]: 12).
Rasulullah  saw. nafsiraken ghibah kanthi dhawuh pangandikanipun makaten:

ذِكْرُكَ أَخَاكَ بِمَا تَكْرَهُ

 “Kowe ngrasani sedulurmu kelawan bab-bab kang ora densenengi.”


 Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Lajeng kados pundi manawi ingkang dipunghibahaken punika dados kasunyatan kawontenanipun, lan kados pundi ugi manawi ingkang dipunghibahaken punika boten wonten kasunyatanipun. Lajeng Rasulullah saw. paring keterangan kanthi dhawuh pangandikanipun:

إِنْ كَانَ فِيْهِ مَاتَقُوْلُ فَقَدِاغْتَبْتَهُ وَإِنْ لَمْ يَكُنْ فِيْهِ مَاتَقُوْلُ فَقَدْ بَهَتَّهُ.

“ Lamun apa kang mbok rasani iku nyata kahanane, kuwi tegese kowe wus kalebu ngundamana  (mengumpat), lan lamun apa wae kang mbok rasani kuwi ora ana buktine, kuwi tegese kowe wus klebu ndombani (menghasut) dheweke.”


Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Sampun sami sarujuk sedaya Ulama bilih ghibah punika kalebet pandamelan ingkang haram, kajawi perkawis-perkawis ingkang sampun dipunyakini badhe ndhatengaken kemaslahatan ummat manungsa, lan boten wonten margi sanes kajawi kedah ngaturaken perkawis punika, lan ugi babagan pitutur utawi nasihat. Sanesipun punika tetep dipunharamaken. Awit saking punika Allah Swt. lajeng nggambaraken tiyang ingkang tumindhak ghibah kados dene tiyang nedha daging manungsa ingkang sampun pejah, ingkang secara naluri tumindak punika mesthinipun sanget anggenipun jijik karana dhawuhing syara’. Ungkapan punika minangka pepemut  ingkang langkung awrat, lan saged nuwuhaken raos antipati ndadosaken tiyang saged hanebihi, lan purun njabut malih ghibahipun.


Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Rasulullah saw. boten rena midhangetaken atur palaporanipun shahabat ingkang matur bilih wonten wanita kalih cacahipun saking kulawarga Rasulullah saw. ingkang awit enjing siyam nanging nindakaken ghibah. Midhanget atur palaporanipun shahabat kala wau lajeng Rasulullah saw. boten marengaken dhumateng wanita kalih kala wau buka anggenipun siyam, kajawi sampun mutahaken barang ingkang wonten ing salebeting padharanipun, kanthi dhawuh pangandikanipun makaten:

مَا صَامَتَا وَكَيْفَ صَامَ مَنْ ظَلَّ يَاْكُلُ مِنْ لُحُوْمِ النَّاسِ؟ إِذْهَبْ فَمُرْهُمَا إِنْ كَانَتَا صَائِمَتَيْنِ أَنْ يَسْتَقِيْئًا.

“Loro karone ora klebu pasa, lha kepriye arep den arani pasa lha wong dheweke terus-terusan anggone mangan daginge wong liya?. Kana ndang bali lan kandhakna marang wanita loro mau, lamun loro-lorone mau pasa becike muntah.”
Lajeng shahabat dhateng malih lan matur, kanthi dhawuh pangandikanipun Nabi saw.

لَوْ مَاتَنَا وَهُمَا فِيْهِمَا لَأَكَلَتْهُمَا النَّارَ.

“Lamun loro-lorone mau mati, terus getih loro kang kenthel ana sak jerone weteng karone, mesthi wae loro-lorone bakal denobong dening geni neraka.”


Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Wonten satunggaling kisah perjalanan Isra’ Nabi saw. kasebat wonten ing hadits saking Abu Sa’id Al-Khudri ra. ngendikakaken bilih Panjenenganipun nate ngendika: “Dhuh Rasulullah saw. Panjenengan beberaken dhumateng kula punapa ingkang Panjengan pirsani nalika perjalanan Isra’ ing wanci dalu Panjenengan.” Lajeng salah satunggaling dhawuh pangandikanipun Rasulullah saw. nyebataken bilih: “Aku terus digawa menyang suwijining papan panggonan kang ana kono mujudake papan panggonane wong lanang lan wong wadon. Wong-wong mau diserahke marang para malaikat kang wujude wong lanang kang kanthi sengaja nyomot daging lambunge suwijining wong-wong mau saben sacomotan gedhene saterompah, tumuli daging mau dijejelake marang cangkeme suwijining wong liyane saka wong-wong mau. Tumuli dikandhakake marang dheweke, “Panganen iki kaya dene kowe biyen mangan,” kamangka dheweke ngerti manawa daging kuwi mau bathang. Jibril matur, “Dhuh Rasulullah, mesthi kemawon punika sanget jijikaken nanging tetep kemawon dipunpeksa,” Aku banjur takon, “Dhuh Jibril, sinten tiyang-tiyang punika?”. Jibril lajeng njawab, “Punika tiyang-tiyang ingkang pandamelanipun remen ngrasani, ngala-ala, lan ndombani dhumateng tiyang sanes”. Lajeng dipun ngendikaken, “Apa sira kabeh seneng mangan daginge sedulurira kang wus mati? Mesthine wae kowe kabeh duwe rasa jijik”.


Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Hadits sanesipun saking Abu Hurairah ra., bilih Rasulullah saw. dhawuh:

مَنْ أَكَلَ مِنْ لَحْمِ أَخِيْهِ فِيْ الدُّنْيَا قُرِّبَ إِلَيْهِ لَحْمُهُ فِيْ الْآخِرَةِ  فَيُقَالُ لَهُ كُلْهُ مَيِّتًا كَمَا أَكَلْتَهُ حَيًّا.

“Sapa wonge mangan daging sedulure nalika ana ing donya (yaiku ngrasani), mangka wong kuwi bakal densuguhi daging sedulure mau besuk ana ing akhirat, tumuli banjur dikandhakake marang wong kuwi mau, “Panganen iki kahanane mati kaya dene kowe mangan nalika biyen kahanane isih urip”.
Mandheg utawi kendhel saking tumindak ghibah punika langkung dening sae tinimbang lajeng nerasaken ghibah. Ngendika sanesipun punika langkung dening manfaat utawi mendel boten ngendikan punika langkung sae lan langkung wilujeng.
Rasulullah saw. dhawuh:

عَنْ اَبِيْ هُرَيْرَةَ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ عَنِ النِّبِيِّ ص-م قَالَ: مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِااللهِ وَاليَوْمِ اْلآخِرِ فَلْيَقُلْ الْخَيْرًا اَوْ لِيَصْمُتْ. (رواه البخارى ومسلم).

“Saka Abi Hurairah ra. saka Nabi saw., Panjenenganipun sampun nate dhawuh: “ Sing sapa wonge iman marang Allah lan dina akhir, becik dheweke ngomong kang apik utawa dheweke meneng”. (HR. Bukhari lan Muslim).


Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Saumpami kita sampun kalajeng tumindak ghibah, lajeng kita mandheg lan nyuwun pangapunten saha tobat punika langkung utami, jalaran Allah Swt. punika Maha Nampi Tobat lan Maha Welas. Kados dhawuh pangandikanipun Allah Swt.:

وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ تَوَّابٌ رَحِيمٌ

“Lan padha takwaha sira kabeh marang Allah. Saktemene Allah Maha Nampa Tobat tur Maha Welas.” (QS. 49 [Al-Hujuraat]: 12).

Ing wusana sumangga kita sami nyenyuwun dhateng ngarsanipun Allah Swt., mugi-mugi kita dipun paringi kekiyatan saged nilaraken tumindak ghibah ingkang sanget jijikaken lan awrat siksanipun. Dipunparingi taufiq lan hidayah saged nindakaken sedaya dhawuh lan awisanipun Allah Swt. Mugi-mugi gesang kita tansah pinaringan wilujeng wiwit ing donya punika ngantos benjang wonten ing akhirat, amin yra.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ ولَكُمْ وَلِسَائِر الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Related Posts: