Khotbah Jum'at Bahasa Jawa: Umur Panjang Punika Nikmat



Umur Panjang Punika Nikmat


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته 
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ اَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ , أَصِيْكُمْ وَاِيَايَ بِتَقْوَ اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. 


Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Sakderengipun khutbah ing siang punika kula aturaken, sumangga kula ajak sesarengan nambahi syukur kita dhateng sadaya peparingipun Allah Swt.,  lan ndedonga mugi-mugi kita kalebet dhumateng ewoning tiyang ingkang tansah nyukuri nikmatipun Allah Swt.
Salajengipun, sumangga kula dherekaken sesarengan nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Swt., ing pangajab mugi gesang kita tansah wilujeng wiwit ing donya punika ngantos benjang woten ing akhirat.
Salawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad saw., para kulawarga, shahabat, lan sadaya tiyang ingkang tansah manut dherek dhawuhipun. Amin YRA.


Hadirin igkang tansah dipunrahmati Allah Swt.,
Umur  panjang punika mujudaken satunggaling nikmat, makaten miturut dhawuh pangandikanipun tiyang ingkang sami wasis lan pinter nyukuri nikmatipun Allah Swt. Umur panjang punika mujudaken kenikmatan lan anugerah peparingipun Allah Swt. tumrapipun tiyang ingkang kagungan iman, kejawi nikmat gesang punika piyambak. Kanthi umur panjang, ganjaran samsaya tambah sesarengan tambahing ketaatanipun dhumateng Allah Swt. ingkang dipun tindakaken. Inggih jalaran saking punika Rasulullah saw. ngawisi kita ngarep-arep pejah. Wonten satunggaling cerita ingkang trenyuhaken saking Abu Bakrah gegayutan satunggaling tiyang ingkang nyuwun mangertos dhumateng Rasulullah saw.:

أَيُّ النَّاسِ خَيْرٌ؟ قَالَ: مَنْ طَالَ عُمْرُهُ وَحَسُنَ عَمَلُهُ. قَالَ: فَأَيُ النَّاسِ شَرٌّ؟ قَالَ: مَنْ طَالَ عُمْرُهُ وَسَاءَ عَمَلُهُ. (رواه احمد)

“Dhuh Rasulullah, sinten to ingkang kawastanan tiyang sae punika?”. “Wong kang dawa umure lan becik amal penggaweyane,” Dhawuh wangsulanipun Nabi saw. Saklajengipun sinten to ingkang kawastanan tiyang awon punika?. “Yaiku wong kang dawa umure nanging ala panggaweyane”. (HR. Ahmad).


Hadirin ingkang tansah dipun rahmati Allah Swt.,
Rasulullah saw. paring dhawuh: “Aja ngangsi salah suwijining sira kabeh padha ngarep-arep marang pati. Lamun dheweke kuwi klebu wong kang becik, mbok menawa wae tumindak becik kang den lakoni bakal bisa tambah. Sak umpama dheweke kuwi klebu wong kang ala, mbok menawa dheweke bisa ngilangi aib kang ana sajroning awake kanthi tobat.” (HR. Ahmad).
Abu Hurairah ra. sampun nate wasiat, bilih anuju satunggaling wekdal Rasulullah saw. dhawuh:

أَعْذَرَ اللهُ إِلَى امْرِءٍ أَخَّرَ أَجَلُهُ حَتَى بَلَغَ سِتِّنَ سَنَةً. (رواه احمد).

“Allah Swt. paring pangapura marang suwijining wong kang Panjenenganipun dawakake umure nganti umur 60 tahun”. (HR.Ahmad).

Wondene suraosipun hadits kasebat ing nginggil inggih punika, bilih manawi tiyang sampun dumugi umur kasebat, pramila Allah Swt. boten badhe maringi malih pancatan ingkang saget dipunaturaken kangge suwala, jalaran wonten ing umur punika tiyang sampun nyaketi pejah. Wonten ing umur punika sampun samesthinipun tiyang lajeng tobat dhumateng Allah Swt. sinambi nengga dhatengipun pejah. Sahingga boten wonten malih ingkang pantes dipuntindakaken, kajawi namung sumarah lan pasrah dhumateng ngarsanipun Allah Swt. kanthi; ngathah-ngathahaken dzikir, donga, istighfar, maos Al-Qur’an, lan enggal-enggal nindakaken amal kesaenan ingkang saget jalari caket dhumaateng ngarsanipun Allah Swt. Lan sampun dados samesthinipun wonten ing umur punika, boten wonten sanes namung nengga dhatengipun pejah.


Hadirin ingkang tansah dipun rahmati Allah Swt.,
Abu Hurairah ra. ngendika, Rasulullah saw. sampun nate dhawuh:

أَعْمَرُ أُمَّتِيْ مَا بَيْنَ سِتِّيْنَ إِلَى السَّبْعِيْنَ, وَأَقَلُّهُمْ مَنْ يَجُوْزُ ذَلِكَ. (رواه الترمذى).

“Umur umatku iku 60 nganti tumeka 70 tahun. Sithik banget kang bisa luwih saka iku.” (HR. Tirmidzi).

Hadits kasebat ing nginggil nedahaken bilih, tiyang ingkang sampun ngancik yuswa punika ingkang saget dipunmangertosi kanthi kepikunan lan keringkihan, prayoginipun menggalih akhirat kanthi ngupados sangu lan cecawis kangge mangayubagya dhatengipun maut lan pinanggih kalian Allah Swt.
Ageng sangat manfaat ingkang saget dipunpetik manawi wekdal gesang langkung dangu lan dipunlandasi kanthi iman. Jalaran iman mujudaken amal ingkang langkung utami. Kanthi iman saget nglantaraken tiyang tumindak kesaenan, lan ibadah-ibadah sanesipun. Wonten ing satungguling wekdal Rasulullah saw. dhawuh:
“Ora ana suwijining wong kang luwih utama ana ing ngarsane Allah Swt., kajaba wong kang iman duweni umur dawa ngrungkebi agama Islam, amarga tasbih, tahlil kang dheweke tindakake”. (HR. Ahmad).
Lajeng kenging punapa taksih wonten kemawon tiyang ingkang nggadhahi pikajengan supados pejah? Pancen kasinggihan, kita dipunparengaken donga lan nyuwun kanthi pasrah dhumateng ngarsanipun Allah Swt. saumpami kita saget gesang terus, lan kita was-was saha khawatir manawi sendi-sendi pokokipun agami kita badhe kropos. Rasulullah saw. dhawuh wonten ing hadits ingkang dipunastha dening shahabat Anas ra.:

“Aja nganti salah suwijining sira kabeh kang duweni pengarep arep tekane pati jalaran bebaya kang dentampa. Lamun dheweke kudu nglakoni, mula prayoga dheweke donga: “ Dhuh Gusti Allah, mugi kersa Paduka paring gesang manawi gesang punika langkung sae menggahing badan kula lan mugi kersa Paduka maringi pejah dhumateng kula manawi pejah punika langkung sae menggahing badan kula”. (HR. Ahmad).


Hadirin ingkang tansah dipun rahmati Allah Swt.,
Hadits kasebat ing nginggil, nedahaken bilih ngarep - arep dhatengipun pejah punika pikantuk, manawi  kanthi lelambaran manah ingkang tulus dhumateng Qadla lan Qadaripun Allah Swt. lan boten amargi jalaran nandhang susah lan pacoben gesang ingkang dipunlampahi. Agami Islam ngawisi umatipun bunuh dhiri, jalaran bunuh dhiri punika badhe rugi ing donya lan ing akhirat. Lan inggih namung tiyang ingkang bodho kemawon ingkang nyedya bunuh dhiri. Piyambakipun rumaos bilih bunuh dhiri punika saget ngrampungi sedaya perkawis. Piyambak ipun badhe nampi ganjaran arupi siksa ingkang salami-laminipun boten wonten pungkasanipun.
Saking Tsabit bin Dhahhak ra. , Rasulullah saw. paring dhawuh:

مَنْ قَتَلَ نَفْسَهُ بِشَيْءٍ فِيْ الدُّنْيَا عُذِّبَ بِهِ يَوْمَ الْقِيَامَةِ. (رواه احمد).

“Sapa wae wong kang bunuh dhiri marang awake dhewe ing donya kanthi nggunaake samubarang, mangka wong kuwi mau bakal disiksa nganggo samubarang kuwi mau ana ing dina kiamat.” (HR. Ahmad).

Sanget anggenipun cilaka lan kapitunan tiyang-tiyang ingkang bunuh dhiri punika. Piyambak ipun badhe mlajar saking takdir lan pepestenipun Allah Swt. lan lila dhumateng pepesten ingkang dipuntulis wiwit zaman azali. Piyambakipun badhe pikantuk siksa donya jalaran bunuh dhiri punika lan siksa akhirat benjang. Awit saking punika, mesthinipun kita lajeng ngatos-atos sampun ngantos nglampahi. Pasrah dhumateng ngarsanipun Gusti Alloh kemawon boten sampurna, kajawi kita kedah lila lan legawa dhumateng takdir lan pepestenipun Allah Swt.
Ibnu Abbas ra., salah satunggaling shahabat Nabi saw. ngendika bilih piyambakipun nate mireng Rasulullah saw. paring dhawuh:

نِعْمَمَتَانِ مَغْبُوْنٌ فِيْهِمَا كَثِيْرٌ مِنَ النَّاسِ: الصِّحَّةُ وَالْفَرَاغُ. (رواه احمد).

“ Ana rong nikmat kang bebathene karone ora bisa dijupuk manfaat tumrap wong akeh, yaiku kesehatan lan wektu longgar.”  (HR. Ahmad).


Hadirin ingkang tansah dipun rahmati Allah Swt.,
Ingkang kawastanan nikmat inggih punika satunggaling kawontenan ingkang ngremenaken lan kawontenan ingkang saget dipunmanfaataken saha dipunraosaken kenikmatanipun.
Hadits kasebat ing nginggil saboten-botenipun saget dipunmangertosi bilih kesehatan lan wekdal longgar punika satunggaling nikmat ingkang berharga sanget lan kedah dipunmanfaataken kanthi sasae-saenipun, jalaran badhe dipunsuwuni tanggel jawabipun wonten ngarsanipun Allah Swt. benjang ing akhirat samangkeh. Temtu kemawon ugi nikmat-nikmat peparinganipun Allah Swt. sanes ingkang gilir gumanti selaminipun gesang. Manawi tiyang saget nyukuri nikmat-nikmat kasebat kanthi nindhakaken hak-hakipun Allah Swt., insya Allah badhe pikantuk keuntungan lan kabagyan. Nanging manawi kosok wangsulipun, tentu kemawon tiyang badhe rugi lan boten badhe pikantuk keuntungan anggenipun ngawontenaken bebakulan kalian Allah Swt. selaminipun gesang ing alam donya punika. Tiyang boten saget mendhet manfaat nikmat umur panjang, wekdal, lan kesehatan ingkang dipunparingaken Allah Swt. kanthi sasae-saenipun.
Rasulullah saw. paring pepemut:

كُنْ فِي الدُّنْيَا كَأَنَّكَ غَرِيْبٌ أَوْ عَابِرُ سَبِيْلٍ. (رواه احمد).

“Uripa sira ing donya iki kaya dene wong kang manca utawa wong kang lagi lelungan.”  (HR. Ahmad).

Umur panjang pancen nikmat, ananging sekedhik sanget tiyang ingkang ngginakaken nikmat punika kanthi sasae-saenipun. Kathah-kathah ipun tiyang ngginakaken wekdal longgar, umur ingkang sampun dungkap, badan sehat kanthi muspra. Boten dipun-ginakaken kangge perkawis ingkang migunani tumrap gesang ing akhirat. Allah Swt. ngerehaken wekdal punika kadhawuhan mendhet kenikmatan ipun. Kados dhawuh pangandikanipun Allah Swt.

وَهُوَ الَّذِي جَعَلَ اللَّيْلَ وَالنَّهَارَ خِلْفَةً لِمَنْ أَرَادَ أَنْ يَذَّكَّرَ أَوْ أَرَادَ شُكُورًا

“Lan Penjenengane (uga) kang nitahake wengi lan rina gilir gumanti tumrap wong kang ngarepake pitutur utawa wong kang ngarepake syukur (nyukuri nikmate Gusti Allah).” (QS. Al-Furqan [25]: 62).
Ayat sanesipun, Allah Swt. paring dhawuh:

وَسَخَّرَ لَكُمُ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ دَائِبَيْنِ ۖ وَسَخَّرَ لَكُمُ اللَّيْلَ وَالنَّهَارَ

“Lan Penjenengane wis ngerehake (uga) tumrap sira kabeh srengenge lan rembulan kang terus-terusan mubeng (ana ing kubengane dhewe-dhewe) lan wis ngerehake tumrap sira kabeh wengi lan rina.” (QS. Ibrahim [14]: 33).


Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Makaten, lan semanten khutbah ingkang saget kula aturaken wonten ing siang punika. Mugi-mugi saget nambahi iman lan takwa kita dhumateng ngarsanipun Allah Swt. Amin yra.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.


KHUTBAH II
الْحَمْدُ لِلَهِ الَّذِيْ اَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ , أَصِيْكُمْ وَاِيَايَ بِتَقْوَ اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. اِنَّ اللهَ وَمَلَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَاَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.  اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَيْتَ عَلَى اِبْراَهِيْمِ وَعَلَى اَلِ اِبْرَاهِيْمِ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَرَكْتَا عَلَى اِبْرَاهِيْمِ وَعَلَ اَلِ اِبْرَاهِيْمِ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ بِرَحْمَتِكَ يَااَرْحَمَ الرَّحِمِيْنَ. آمِيْنَ يَارَبَّ الْعَالَمِيْنَ. اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ.
اَلَّلَهُمَّ أَكْفِنِيْ بِحَلاَلِكَ عَنْ حَرَامِكَ وَاَغْنِنِيْ بِفَضْلِكَ عَمَّنْ سِوَاكَ. اَلَّلهُمَّ إِنِّيْ أَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالْغِنَى. رَبَّنَآ ءَاتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ, وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ, وَالْحَمْدُ لِلَهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
عِبَادَ اللهِ, اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَاِيْتَائِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَخْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذّكَرُوْنَ, وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.

Related Posts:

Khotbah Jum'at Bahasa Jawa: Tresna Sejati



Tresna Sejati


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ


Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sumangga, kula dherekaken sesarengan sami nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Swt.. Mugi-mugi kanthi taqwa punika gesang kita tansah wilujeng, ayem, tentrem kalis ing rubeda wiwit ing ‘alam donya punika ngantos benjang wonten ing akhirat.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng panutan kita Nabi Muhammad saw., para kulawarga, shahabat lan sadaya tiyang ingkang mituhu ndherek dhawuhipun. Amin x3.


Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Raos tresna punika anugerah peparingipun Allah Swt.. Wujuding raos tresna kaperang dados kalih warni; inggih punika tresna dhumateng kanikmatan donya, ingkang kawastanan hubbusy syahawat lan tresna dhumateng Allah Swt. ingkang kawastanan hubbul iman ingkang sifatipun ukhrawi.


Jama’ah Jum’ah ingkang dipun mulyakaken Allah Swt.
Agami kita Islam boten ngawisi tiyang ingkang nresnani dhumateng wanita, anak-anak, bandha ingkang kathah, lan pangkat utawi jabatan ingkang inggil. Namung kemawon inggih tresna ingkang kanthi lelambaran dhawuhing agami. Al-Qur’an paring pepemut, bilih kenikmatan donya punika sifatipun sawatara, boten abadi, enggal utawi dangu sedaya badhe nilaraken kita utawi kita piyambak ingkang nilaraken. Sedaya kita tilar lan boten badhe kita beta nalika sowan ngarsanipun Allah Swt.
Wondene tresna dhumateng Allah Swt. inggih ingkang kawastanan ugi hubbul iman ingkang sifatipun ukhrawi, manawi saged subur lan ngrembaka mujudaken kenikmatan ingkang langkung utami, jalaran badhe ndadosaken tiyang tebih saking kekafiran, kefasikan, lan kadurakan.


Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Sedaya katresnan kasebat, inggih hubbud dunnya lan hubbul iman sedaya kedah dipunpapanaken wonten ing sangandhapipun tresna dhumateng Allah Swt.. Tresna ingkang ngungkuli tresnanipun dhumateng Allah Swt. mujudaken bencana ageng lan badhe nyengsarakaken tiyang gesang. Islam majibaken dhumateng ummatipun tresna dhumateng Allah Swt. punika dipunpapanaken wonten ing papan ingkang utami lan dados prioritas. Sadaya tiyang saged kemawon lan dipunparengaken nresnani dhumateng sinten lan dhateng punapa kemawon, nanging tresna dhumateng Allah Swt. kedah dados pancadan utaminipun.


Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Allah Swt. sanget anggenipun duka dhumateng tiyang ingkang tresnanipun dhumateng samukawis barang utawi tresnanipun dhumateng tiyang ingkang tresnanipun punika ngungkuli tresnanipun dhumateng Allah Swt.. Kados kasebat wonten ing Al-Qur’anul Karim:

“Dhawuha! “Menawa bapa-bapa nira, anak-anak ira, sedulur-sedulur ira, bojo-bojo nira, kaum kerabat ira, bandha-bandha ira, (kabeh mau) isih luwih sira senengi katimbang Allah lan utusan-E (katimbang) jihad ana ing dalan-E, mula entenana nganti Allah nekakake keputusan-E. Lan Allah ora bakal paring pitiduh marang wong-wong fasiq.” (QS. 9 [At-Taubat]: 24).


Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Nabi Ibrahim as. minangka kawula pantes dados tuladha ingkang paling sae dhumateng kita sedaya anggenipun tresna dhumateng Allah Swt.. Tresnanipun Nabi Ibrahim as. dhumateng Allah Swt. dados prioritas utami. Tresnanipun dhumateng Allah Swt. ngungkul-ungkuli. Sedaya ujian lan pacoben dipunlampahi kanthi sabar, ndadosaken Nabi Ibrahim as. saged lulus lan pikantuk prestasi pacoben kanthi gemilang.
Anuju satunggaling wekdal Nabi Ibrahim as. kadhawuhan milih, milih tresna dhumateng tiyang sepuhipun punapa tresna dhumateng Allah Swt., Nabi Ibrahim as. tresna dhumateng Allah Swt. tinimbang tresnanipun dhumateng tiyang sepuhipun, sanajan inggih awrat raosipun. Nabi Ibrahim as. taksih ndongakaken dhumateng tiyang sepuhipun, lajeng Allah Swt. paring aruh dhumateng Nabi Ibrahim as., sebab tiyang mukmin boten dipunparengaken ndongakaken dhateng tiyang ingkang musyrik. Allah Swt. dhawuh wonten ing Al-Qur’anul karim:

“Lan panyuwunan pangapura saka Ibrahim (marang Gusti Allah) kanggo bapake, iku ora liya mung karana sawijine janji kang wis diikrarake Ibrahim marang bapake. Mula kalamangsane wis dadi cetha tumrap Ibrahim, yen satemene bapake iku musuhe Gusti Allah, mula Ibrahim mbebasake awake saka bapake. Sejatine Ibrahim iku sawijine  (nabi) kang banget lembut atine tur aris.” (QS. 9 [At-Taubah: 114).


Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Allah Swt. maringi pangalembana dhumateng Nabi Ibrahim as. jalaran tresna lan taatipun dhumateng Allah Swt. linangkung ageng katimbang sanes-sanesipun, dipunlestarekaken Allah Swt. kanthi syare’at kewajiban haji saben-saben tahun tumrap tiyang ingkang saged nyekapi syarat-syaratipun. Malah tumrap tiyang ingkang boten saged nindakaken haji kadhawuhan nindakaken kurban. Pangalembana lan pujian Allah Swt. dhumateng Nabi Ibrahim as. dipunlestantunaken wonten ing Al-Qur’anul Karim surat 37 [Ash-Shaffat]: ayat 108-111:

وَتَرَكْنَا عَلَيْهِ فِي الْآخِرِينَ (108) سَلَامٌ عَلَى إِبْرَاهِيمَ (109) كَذَلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ (110) إِنَّهُ مِنْ عِبَادِنَا الْمُؤْمِنِينَ (111) 

“Lan Ingsun langgengake (pangalembana bagus) marang Ibrahim ana ing umat-umat kang akhir [108], (hiya) iku “Kaselametan iku (muga) tetep kaparingake marang Ibrahim”. [109], Kaya mangkono iku Ingsun paring piwales marang wong-wong kang padha tumindak bagus. [110], sejatine dheweke (Ibrahim) iku kalebu kawula-kawulaningsun kang padha iman.” [111].


Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Swt.
Makaten ingkang kawastanan tresna sejati. Tresnanipun tiyang dhumateng Gusti Allah Swt. ngungkuli tresnanipun dhumateng sanes-sanesipun. Mugi-mugi kita saged mujudaken tresna ingkang sejati. Tresna kita dhumateng anak lan bojo, dhumateng bandha, dhumateng pangkat lan jabatan dhumawah kantun lan dipunutamekaken tresna kita dhumateng Allah Swt.
Mugi-mugi gesang kita tansah pinaringan wilujeng, ayem, lan tentrem wiwit ing donya ngantos bejang wonten ing akhirat. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
  

Related Posts:

Khotbah Jum'at Bahasa Jawa: Tepang Aqidah ISLAM



Tepang Aqidah ISLAM


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
 يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا.
يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا. فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.


Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya ngalam. Inggih Allah punika Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi rizki dhumateng tiyang ingkang sami ngabekti, paring sandhang (wastra) lan pangan (boga) dhumateng tiyang ingkang tansah ngumawula.
Shalawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi lan rasul pungkasan; Muhammad saw., sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat, lan para tiyang ingkang tansah manut lan mituhu dhumateng panjenenganipun. Amin.


Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Swt.
Aqidah miturut Abu Bakar Jabir Al-Jazairy inggih punika:

الْعَقِيْدَةُ هِيَ مَجْمُوْعَةٌ مِنْ قَضَايَا الْحَقِّ الْبَدِهِيَّةِ الْمُسَلَّمَةِ بِالْعَقْلِ, وَالسَّمْعِ وَالْفِطْرَةِ, يَقِيْدُ عَلَيْهَا اْلأِنْسَانُ قَلْبَهُ, وَيُثْنِى عَلَيْهَا صَدْرُهُ جَازِمًا بِصِحَّتِهَا, قَاطِعًا بِوُجُوْدِهَا وَثُبُوْتِهَا لاَ يَرَى خِلاَفَهَا اَنَّهُ يَصِحُّ اَوْ يَكُوْنُ أَبَدًا. (الجزائرى, 1978, هالمن 21)

“Sadaya ingkang dipunanggep leres lan ingkang saged dipuntampi sacara umum (axioma) dening manungsa kanthi adhedhasar akal, wahyu lan fitrah. Raos kaleresan punika dipunpatri dening manungsa wonten ing manah saha dipun yakini kanthi keshahihan lan kasunyatanipun sacara mesthi lan dipuntolak sadaya ingkang boten cocok kaliyan kaleresan.” (Al-Jazair, 1978, hal. 21).
Wondene sumberipun aqidah inggih punika Al-Qur’an lan As-Sunnah. werdinipun punapa kemawon ingkang dipunparingaken dening Allah Swt. wonten ing Al-Qur’an lan dening Rasulullah saw. wonten ing As-Sunnah wajib dipunyakini lan dipunamalaken.


 Kaum muslimin rahimakumullah,
Akal pikiran boten kuwawi dados sumberipun akidah, nanging nggadhahi fungsi mahami nash-nash ingkang wonten ing Al-Qur’an lan As-Sunnah lan mbuktekaken sacara ilmiyah (manawi dipunkersakaken) bebener ingkang dipunparingaken dening Al-Qur’an lan As-Sunnah. Punika kemawon kedah dipundhasari kanthi kesadharan bilih kekiyatan akal punika sanget winates, jumbuh kaliyan winatesipun kekiyatanipun sadaya makhluk.
Akal boten badhe kiyat mikiraken masalah ingkang ghaib, malah akal boten badhe kiyat mikiraken perkawis-perkawis ingkang mbetahaken papan panggenan lan wekdal. Kados umpaminipun boten saged njawab pitakenan langgeng punika watesipun dumugi benjang punapa. Lan akal boten badhe kiyat mikir papan ingkang manggen wonten ing dharat, ing seganten, lan boten mapan wonten ing pundi kemawon. Jalaran kalih perkawis punika boten mbetahaken papan panggenan lan wekdal. Awit saking punika akal boten kenging dipunpeksa mahami lan njawab perkawis-perkawis ingkang ghaib. Akal namung saged mbuktekaken kajujuran tiyang ingkang mbekta pawartos gegayutan perkawis-perkawis ingkang ghaip punika.


Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Swt.
Aqidah punika minangka dhasar, fondhasi kangge ngedegaken bangunan. Sangsaya inggil bangunan ingkang badhe dipundegaken, kedah sangsaya kiyat lan kukuh fondhasi ingkang dipundamel. Manawi fondhasinipun ringkih, pramila bangunan enggal badhe ambruk. Lan malih boten wonten bangunan punika tanpa fondhasi.
Tiyang ingkang nggadhahi fondhasi aqidah kiyat, mesthi badhe nindakaken ngibadah kanthi tertib, badhe nggadhahi akhlak ingkang sae, lan badhe nindaken ngibadah mu’amalah kanthi sae.
Tiyang boten badhe dipuntampi ngibadahipun dening Allah Swt. manawi boten dipundhasari kanthi aqidah. Tiyang boten dipunsebat nggadhahi akhlak ingkang sae manawi boten nggadhahi aqidah ingkang leres.
Tiyang saged kemawon dora lan ngapusi anggenipun nindakaken ajaran ingkang formal, nanging Allah Swt. boten badhe nampi anggenipun nindakaken pangibadahan ingkang formal, jalaran boten dipundhasari kanthi aqidah ingkang sae lan leres.


Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Swt.
Al-Qur’an lan As-Sunnah minangka sumberipun aqidah. Akal pikiran namung hanggadhahi fungsi mahami nash-nash ingkang wonten ing Al-Qur’an lan As-Sunnah, mbuktekaken kanthi kasadharan lan sacara ilmiyah perkawis ingkang leres ingkang dipunsebat wonten ing Al-Qur’an lan As-Sunnah.
Tiyang boten badhe dipuntampi sadaya pangibadahipun, manawi aqidahipun boten sae lan leres.
Awit saking punika Rasulullah saw. salami 13 tahun, aqidah dipunbangun kanthi kokoh wonten ing Madinah, satemah bangunan Islam kanthi  gampil dipunbangun wonten ing Makkah, lan bangunan punika badhe langgeng ngantos benjang akhir zaman.


أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Related Posts:

Khotbah Jum'at Bahasa Jawa: Tawakal Dhumateng ALLAH SWT



Tawakal Dhumateng ALLAH SWT


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ  الَّذِيْ هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدَيَ لَوْلاَ أَنْ هَدَانَا اللهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَريْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعَدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ


Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya alam. Inggih Allah punika Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi rizki dhumateng tiyang ingkang sami ngabekti, paring sandhang lan boga dhumateng tiyang ingkang tansah ngumawula.
Shalawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi lan rasul pungkasan; Muhammad saw. sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat, lan para tiyang ingkang tansah manut mituhu dhumateng panjenenganipun. Amin yra.


Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyaaken Allah Swt.
Tawakkal punika pasrah dhumateng ngarsanipun Allah Swt. sasampunipun usaha lan mbudidaya. Boten kawastanan tawakkal manawi tiyang namung pasrah tanpa usaha lan mbudidaya, lan boten kawastanan tawakkal manawi tiyang namung usaha lan mbudidaya kemawon. Tawakkal punika namung dhumateng ngarsanipun Allah Swt. lan boten dhumateng sanes-Ipun. Lan pancen namung dhumateng ngarsanipun Allah Swt. sadaya perkawis kita pasrahaken.  Tawakkal satunggaling kewajiban tumrapipun tiyang ingkang nggadhahi iman. Kados dhawuh pangandikanipun Allah Swt:

وَعَلَى اللَّهِ فَتَوَكَّلُوا إِنْ كُنْتُمْ مُؤْمِنِينَ

“.. lan padha tawakkala sira kabeh marang Allah yen nyata sira wong kang padha iman.” (QS. Al-Maaidah [5]:23).
Wonten ing ayat sanes Allah Swt. nedahaken bilih tawakkal punika kajawi mujudaken kewajiban tiyang iman, tawakkal ugi mujudaken syarat-syarat iman. Tawakkal minangka sifat-sifat lan karakteripun tiyang ingkang nggadhahi iman. Allah Swt. dhawuh wonten Al-Qur’anul Kariim:

 “Satemene wong-wong kang iman hiya iku wong-wong kang nalikane disebut Asma Allah dheweke padha gemeter atine, lan nalikane diwacakake marang dheweke ayat-ayate Allah, imane dheweke malah sangsaya tambah, lan namung marang Pangeran dheweke padha tawakal.” (QS. Al-Anfaal [8]:2).


Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Swt.
Allah Swt. badhe nyarengi tiyang-tiyang ingkang iman lan tawakkal. Allah Swt. badhe njamin kamenangan lan maringi pitulungan dhumateng tiyang-tiyang ingkang iman. Allah Swt. badhe nyekapi sadaya kabetahanipun tiyang-tiyang ingkang tawakkal dhumateng Panjenenganipun. Allah Swt. Dawuh.
“Lan sapa wongeh.kang tawakkal marang Allah, mesthi Allah bakal nyukupi (keperluwane) dheweke.” (QS. Ath-Thalaaq [65]:3).
Allah Swt. paring dhawuh dhumateng nabi kita Muhammad saw. lan temtunipun dhawuh punika ugi dipundhawuhaken dhumateng kita sadaya minangka umatipun. Allah Swt. dhawuh supados kita tawakkal dhumateng Panjenenganipun manawi kita punika estu-estu iman dhumateng Allah Swt. lan Rasulullah saw. Makaten dhawuhipun:

“He Nabi, kang nyukupi sira iku Allah Ta’ala lan wong-wong mukmin kang padha ndherek marang sira (hiya kuwi pitulunge).” (QS. Al-Anfaal [8]:64).


Hadirin  jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah Swt.
Imam Al-Bukhari lan Imam An-Nasa’i ngriwayataken saking Ibnu Abbas, bilih kalimat:

حَسْبُنَا اللهُ وَنِعْمَ الْوَكَيْلُ

(QS. Ali Imran [3]:173) dipunucapaken dening Nabiyullah Ibrahim as. nalika piyambakipun dipununcalaken dhateng latu ingkang ageng lan mulad-mulad. Semanten ugi dipunaturaken dening Rasulullah Muhammad saw. nalika ngadhepi tiyang-tiyang kafir Quraisy. Tiyang-tiyang Quraisy sami ngomong: “Saktemene wong-wong Quraisy wis ngumpulake pasukan kanggo merangi sira, mula saka kuwi wediya sira marang wong-wong mau. Nanging omongan punika malah nambahi imanipun.’
Kalimat punika nggadhahi kedudukan ingkang sanget wigatos, jalaran sampun dipun ngendikakaken dening Nabiyullah Ibrahim as. lan Rasulullah Muhammad saw. nalika ngadhepi kahanan ingkang sanget ribet (sulit).


Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Tawakkal dados kewajibanipun tiyang ingkang nggadhahi iman. Tawakkal punika kalebet syarat-syaratipun iman. Tawakkal punika mujudaken sifat lan karakteripun tiyang iman. Allah Swt. badhe nyarengi tiyang ingkang tawakkal dhumateng Panjenengnipun. Allah Swt. badhe nyekapi sadya kabetahanipun tiyang ingkang tawakkal kanthi sampurna. Awit saking punika sumangga kula dherekaken sami ningkataken anggen kita sami tawakkal dhumateng ngarsanipun Allah swt. Mugi-mugi gesang kita tansah pinaringan begja mulya wiwit ing donya punika ngantos benjang wonten ing akhirat benjang.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Related Posts:

Khotbah Jum'at Bahasa Jawa: Suwarga Lan Neraka



Suwarga Lan Neraka


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ لِلَهِ الَّذِيْ اَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ , أَصِيْكُمْ وَاِيَايَ بِتَقْوَ اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.


Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Sakderengipun khutbah ing siang punika kula aturaken, sumangga kula ajak sesarengan sami nambahi syukur kita dhateng sadaya peparingipun Allah Swt.,  lan ndedonga mugi kita sadaya kalebet ewoning tiyang ingkang tansah nyukuri nikmat-Ipun.
Saklajengipun, sumangga kula dherekaken sesarengan nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Swt., ing pangajab mugi gesang kita tansah wilujeng wiwit ing donya punika ngantos benjang woten ing akhirat.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken Allah Swt. dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad saw., para kulawarga, shahabat, lan sadaya tiyang ingkang manut ndherek dhawuhipun. Amin Ya Rabbal ‘Alamin.


Hadlirin jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunrahmati Allah Swt.,
Allah Swt. dhawuh wonten ing Al-Qur’anul Karim:

إِنَّ اللَّهَ لَا يَغْفِرُ أَنْ يُشْرَكَ بِهِ وَيَغْفِرُ مَا دُونَ ذَٰلِكَ لِمَنْ يَشَاءُ ۚ وَمَنْ يُشْرِكْ بِاللَّهِ فَقَدِ افْتَرَىٰ إِثْمًا عَظِيمًا

“Satemene Allah kuwi ora bakal paring ngapura marang dosa syirik, lan Panjenengane kersa paring pangapura marang saliyane (syirik), tumrap sapa wae kang dikersakake. Sopo wae kang nyekuthokake Allah, temtu dheweke wus nglakoni dosa kang gedhe banget.” (QS. An-Nisaa’ [4]:48).
Ayat kasebat ing nginggil mratelakaken babagan syirik. Syirik punika tumindak dosa ingkang kedah dipuntebihi lan kedah dipunajrihi. Syirik punika kaperang dados kalih, inggih punika syirik ageng (akbar) lan syirik alit (ashghar). Kawastanan syirik ageng inggih punika nganggep dhumateng samukawis barang salintunipun Allah sami kaliyan Allah. Wondene syirik alit inggih punika pandamelan ingkang dipunsebat wonten ing Al-Qur’an lan Al-Hadits minangka pendamelan syirik nanging dereng ngantos dumugi derajad syirik ageng.


Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Syirik ageng (akbar) punika mbusek sedaya amal, jalari tiyang ingkang tumindak syirik langgeng wonten ing neraka, njalari tiyang medal saking agami Islam, lan dosanipun tiyang ingkang tumindak syirik boten dipunpangapunten Allah Swt. Wondene syirik alit (ashghar) punika namung mbusek amal ingkang nyartani kemawon, boten nglanggengaken ing neraka, lan boten ngatos nyebabaken tiyang tumindak syirik asghar medal saking agami Islam.
Namung kemawon syirik asghar punika satunggaling tumindak dosa ingkang sanget dipunkhawatiraken dening Rasulullah saw. Panjenenganipun saw. sanget khawatir dhumateng para shahabat, kamangka para shahabat punika tiyang ingkang shalih. Awit saking punika tumrap kita sadaya lajeng kados pundi. Rasulullah saw. kemawon taksih ngawatiraken para shahabat.


Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Riya’ utawi pamer punika tumindak kesahenan karana tiyang sanes.  Riya’ kalebet syirik ashghar ingkang jalari amal boten dipuntampi lan boten dipunridlai dening Allah Swt. Amal shalih manawi dipuncampuri perkawis ingkang boten Lillah, pramila boten dipuntampi Allah Swt. , jalaran Allah punika Sesembahan ingkang paling sahe. Allah punika Sesembahan ingkang boten nampi tumindak syirik, jalaran sifat Mahacekap-Ipun. Tafsiran tumindah riya’ contonipun; satunggaling tiyang ingkang nindakaken shalat kanthi niat Lillah, nanging piyambakipun shalat dipunkhusu’aken jalaran wonten tiyang sanes ingkang mirsani.
Rasulullah saw. dhawuh ingkang dipunriwayataken dening Ibnu Mas’ud ra.:

مَنْ مَاتَ وَهُوَ يَدْعُو مِنْ دُوْنِ اللهِ نِدًا دَخَلَ النَّارِ.

“Sapa wonge mati kahanane wong mahu nyembah marang sesembahan saliyane Allah, mula dheweke mlebu ing neraka.” (HR. Bukhari).
Imam muslim ngriwayataken saking Jabir ra. bilih Rasulullah saw. ngendika:

مَنْ لَقِيَ اللهُ لاَ يُشْرِكُ بِهِ شَيْئًا دَخَلَ الْجَنَّةَ,  وَمَنْ لَقِيَهُ يُشْرِكُ بِهِ شَيْئًا دَخَلَ النَّارِ.

“Sapa wonge ketemu Allah (mati) kanthi kahanan ora tumindak syirik marang Panjenengan-E sathithik wae, mesthi mlebu suwarga; nanging sapa wonge ketemu Allah (mati) kahanane tumindak syirik marang Panjenengan-E, mesthi mlebu Neraka.”


Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunrahmati Allah Swt.,
Suwarga lan Neraka punika papanipun pancen caket sanget. Tiyang gampil mlebet suwarga, jalaran amalipun Lillah, lan boten dipuncampuri riya’. Lan ugi gampil mlebet neraka jalaran amal shalih naging dipuncampur riya’ utawi karana tiyang sanes. Riya’ kalebet syirik ashgar ingkang anjalari amal shalih boten dipuntampi lan dipunridlai dening Allah Swt.
Nabiyullah Ibrahim as. khalilullah ngendika:

وَإِذْ قَالَ إِبْرَاهِيمُ رَبِّ اجْعَلْ هَٰذَا الْبَلَدَ آمِنًا وَاجْنُبْنِي وَبَنِيَّ أَنْ نَعْبُدَ الْأَصْنَامَ

“Lan nalikane Ibrahim matur: “Dhuh Pangeran kula, mugi Panjenengan dadosaken nagari punika (Mekkah) nagari ingkang aman lan mugi Panjenengan tebihaken kula dalah anak putu kula saking manembah brahala-brahala.” (QS. Ibrahim [14]:35).


بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.

Related Posts:

Khotbah Jum'at Bahasa Jawa: Sifat Tiyang Munafik



Sifat Tiyang Munafik


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ


Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sumangga, kula dherekaken sesarengan sami nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Swt.. Mugi-mugi gesang kita tansah wilujeng, ayem, tentrem kalis ing rubeda wiwit ing alam donya punika ngantos benjang wonten ing akhirat.
Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken Allah Swt. dhumateng panutan kita Nabi Muhammad saw., para kulawarga, shahabat lan sadaya tiyang ingkang manut ndherek dhawuhipun. Amin yra.


Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Allah Swt. dhawuh wonten ing Al-Qur’anul Karim surat Al-Baqarah [2]:204-205-206:  

“Lan sadhengah saking manungsa iku ana wong kang gunemane nggawok-nggawokake (nggumunake) marang sira, ana ing sajerone uripe ana ing donya iki, dheweke nyeksekake marang Allah gandheng karo apa kang ana atine, ing mangka sejatine dheweke iku musuh (nabine Allah) kang paling jahat.” (204).“Lan nalikane dheweke wis mungkur (saking sliramu), dheweke gawe kerusakan ing bumi, lan ngrusak tetanduran lan kewan raja kaya, lan Allah iku ora seneng anane kerusakan.” (205).“Lan nalikane diucapake marang dheweke: “Taqwaha marang Allah”, mangka katon gumedhene kang nyebabake dheweke tumindak dosa. Mangka cukup (piwalese) neraka Jahannam. Lan yekti neraka Jahannam iku panggonan kang ala banget.” (206).


Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Ayat kasebat ing nginggil paring pangertosan dhumateng kita gegayutan kaliyan sifat-sifat lan kelakuwanipun tiyang munafik. Wondene sifat-sifat lan kelakuanipun tiyang munafik inggih punika:
Ayat 204 surat Al-Baqarah dipunterangaken, bilih tiyang munafik punika omonganipun nggawok-nggawokaken manah, malah boten tidha-tidha dipunseksekaken dhateng ngarsanipun Allah ing pamrih supados dipunpercaya omonganipun. Nanging saestunipun piyambakipun punika pembangkang ingkang paling bandhel. Sumpah lan janji palsu dados pakulinanipun. Sumpah lan janji pancen dipunajaraken ing Agami Islam, nanging boten saben-saben perkawis kedah mawi sumpah lan janji; kados ucapan, Dhemi Dzat kang nguwasani jiwa lan ragaku,  Wallahi, Billahi, lan Tallahi. Sifat lan kelakuanipun tiyang munafik punika ngrisak lan bebayani tiyang kathah. Tiyang munafik punika langkung bebayani katimbang tiyang fasik. Ing lambe ngaku iman kamangka ing manah ingkar lan nentang Allah Swt.
Ayat 205 surat Al-Baqarah dipunterangaken, bilih tiyang munafik punika manawi sampun ngungkuraken kita lan kita boten nggraito dhumateng piyambakipun, pramila piyambakipun lajeng damel kerisakan ing lumahing bumi; kados ngrisak tanem-taneman, negor alas tanpa waton, damel pencemaran ing lautan. Semanten ugi damel risaking kewan ternak lan rajakaya. Ingkang sadaya kalawahu jalari banjir, siti-siti kathah ingkang longsor, kelestarian tetanduran lan kewan-kewan saged terancam lan musnah. Allah Swt. boten rena dhumateng tumindak ingkang saged ngrisak alam. Penghijauan lan peternakan minangka rahmatipun Allah Swt. kedah kita upakara kanthi sahe, jalaran sanget dipunbetahaken kangge panggesanganipun manungsa.
Ayat 206 surat Al-Baqarah dipunterangaken, bilih sifat lan sikapipun tiyang munafik punika manawi dipunajak taqwa; ajrih dhumateng Allah, malah ngetingalaken takaburipun jalari piyambakipun tumindak dosa.


Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Wonten ing surat Ali Imran ayat 167 dipunterangaken, bilih tiyang munafik punika omonganipun slenca, “lain di bibir lain di hati”, manawi dipunparingi kapitadosan piyambakipun sulaya lan boten amanah. Dhawuhipun Allah Swt.:

“Dheweke kabeh padha ngucapake kanthi nganggo lisane apa kang ora ana ing sajrone ati. Lan Allah mirsani apa kang dheweke kabeh padha ngumpetake.” (QS. Ali Imran [3]:167).
Rasulullah saw. ngendika:

قَالَ رَسُوْلُ اللهِ صلعم. اَيَةُ الْمُنَافِقِ ثَلاَثٌ: اِذَا حَدَّثَ كَذَّبَ, وَاِذَ وَعَدَ اَخْلَفَ, وَاِذَا اؤْتُمِنَ خَانَ. (مُتَفَقٌ عَلَيْه).

“Rasulullah saw.  ngendika: “Tandha-tandhane wong munafik iku telu, yaiku lamun dheweke ngomong ghoroh, lamun dheweke janji sulaya, lan lamun dheweke dipercaya khiyanat.” (Mutafaqun ‘alaih).


Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Swt.
Makaten saperangan keterangan sifat-sifat lan kelakuwanipun tiyang munafik ingkang saged kula aturaken wonten ing khutbah siang punika. Mugi-mugi kita saged hanebihi saking sifat lan kelakwuan ingkang boten sae ingkang dipunawisi syara’.
Amin Ya Rabbal ‘Alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.

Related Posts: