Khotbah Jum'at Bahasa Jawa: Amrih Iman Istiqamah



Amrih Iman Istiqamah


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْأَنِ الْكَرِيْمِ


Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Mangga, kula dherekaken sesarengan sami nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Swt.. Mugi-mugi gesang kita tansah wilujeng, ayem, tentrem kalis ing rubeda wiwit ing alam donya punika ngantos benjang wonten ing akhirat.
Salawat lan salam mugi tansah kaparingaken Allah Swt. dhumateng panutan kita Nabi Muhammad saw., para kulawarga, shahabat lan sadaya tiyang ingkang mituhu ndherek dhawuhipun. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.


Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Kados ingkang kita wuningani sedaya bilih keimanan dhumateng Allah punika boten langgeng (fluk-tuatif); terkadhang tambah lan kandel, sok ugi surut lan tipis, lan malah kandhas ical. Wondene kawontenan ingkang saged ndayani iman boten langgeng punika jalaranipun kathah sanget. Awit saking punika cara supados iman boten gampil goyah lan tetep istiqamah inggih kathah . Nanging saged dipunperang dados kalih perangan, inggih punika kanthi cara lahir lan cara batin; cara lahir minangka cara ingkang baku utawi (primer), lan cara batin minangka cara panyengkuyung (sekunder).


Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Kalebet cara ingkang baku (primer), inggih punika mujudaken cara nyata ingkang kedah dipun tindakaken tiyang ingkang pamrih imanipun kiyat lan istiqamah. Wondene caranipun inggih punika, antawisipun:
1     Akrab dhumateng Al-Qur’an. Allah Swt. paring dhawuh:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاءَتْكُمْ مَوْعِظَةٌ مِنْ رَبِّكُمْ وَشِفَاءٌ لِمَا فِي الصُّدُورِ وَهُدًى وَرَحْمَةٌ لِلْمُؤْمِنِينَ

“He manungsa, sejatine wis teka marang sira piwulang saka Pangeranira lan tamba tumrap penyakit-penyakit (kang ana) ing ana sajrone dhadha lan pituduh serta rahmat tumrap wong-wong kang padha iman.”  (QS. Yunus [10]:57).

Al-Qur’an minangka pitedah ingkang baku ingkang saged neguhaken iman lan saged ngraketaken hubungan ingkang kiat antawisipun kawula kaliyan Sang Kholiq. Tiyang ingkang nyepengi dhawuhipun Al-Qur’an kanthi kenceng, pramila Allah badhe maringi pitedah ingkang leres lan maringi kawilujengan.

Istiqamah dhumateng syar’iat Islam. Allah Swt. janji badhe maringi ketentreman lan boten badhe sedhih manahipun saha badhe njagi keteguhan imanipun tiyang ingkang mbudidaya istiqamah dhumateng syari’at Islam. Allah paring dhawuh:

 إِنَّ الَّذِينَ قَالُوا رَبُّنَا اللَّهُ ثُمَّ اسْتَقَامُوا فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُونَ

“Satemene wong-wong kang padha ngucap: “Pengeran kita hiya iku Allah”, tumuli dheweke kabeh padha netepi istiqamah, mula ora ana rasa kuwatir tumrape dhewekne kabeh lan dhewekne kabeh (uga) ora bakal susah”. (QS. Al-Ahqaaf [46]:13).

3    Kekancan kaliyan tiyang-tiyang ingkang shalih. Allah Swt. lan Rasulullah saw. sanget anggenipun wanti-wanti dhumateng ummatipun manawi pados kekancan. Kekancan kedah selektif, jalaran kanca saged ndayani tumindak ingkang sae lan saged ndayani tumindak awon. Lan ugi kanca punika saged dados ukuran watak lan kepribadian kita. Allah paring dhawuh:

يَا وَيْلَتَىٰ لَيْتَنِي لَمْ أَتَّخِذْ فُلَانًا خَلِيلًا

“Ah, cilaka ingsun; ngertiya ingsun (biyen) ora ndadekake si (Fulan) dadi kanca raket (ingsun).” (QS. Al-Furqaan [25]:28).

Rasulullah saw. dhawuh:

الْمَرْءُ عَلَى دِيْنِ خَلِيْلِهِ, فَلْيَنْظُرْ أَحَدُكُمْ مَنْ  يُخَالِلْ.

“Kualitas agama suwijining wong iku bisa dideleng saka kanca akrabe/rakete, mula saka kuwi salah suwijine sira nggatekna marang sapa dheweke kekancan.” (HR. Ahmad).

Dhawuhipun Rasulullah saw. sanesipun:

قَالَ رَسُولُ اللهِ ص-م: مَثَلُ الْجَلِيْسِ الصَّالِحِ وَالسُّوْءِ كَحَامِلِ الْمِسْكِ وَنَافِخِ الْكِيْرِ, فَحَامِلُ الْمِسْكِ إِمَّا أَنْ يُحْذِيَكَ, وَإِمَّا أَنْ تَبْتَاعَ مِنْهُ, وَإِمَّا أَنْ تَجِدَ مِنْهُ رِيْحًا طَيِّبَةً, وَنَافِخُ الْكِيْرِ إِمَّا أَنْ يُحْرِقَ ثِيَابَكَ, وَإِمَّا أَنْ تَجِدَ رِيْحًا خَبِيْثَةً. (رواه مسلم وابن حبان).

”Rasulullah saw. dhawuh: “Gambaran kanca kang apik lan kanca kang ala kuwi kaya dene suwijine wong bakul lenga wangi karo suwijine wong pande wesi. Wong bakul lenga wangi menawa bae bakal menehi sira lenga wangi, utawa sira bisa tuku lenga wangi saka dheweke, lan lamun ora, sira tetep bakal oleh ganda arum saka dheweke. Banjur wong kang pandai wesi, manawa bae pletikan genine bakal bisa ngenani sandhanganmu, lan umpamane ora sira tetep bakal antuk gandane asep kang ora sedhep.” (HR. Muslim lan Ibnu Hiban).

4     Ngedohi tumindak maksiat.  Rasulullah saw. nggambaraken tumindak kemaksiatan punika kados dene reged ingkang nempel wonten ing manah. Samsaya tiyang punika hanebihi tumindak maksiat tiyang badhe sumunar manahipun, njalari pitedahipun Allah badhe gampil dipun tampi. Kosok wangsulipun manawi tiyang asring tumindak maksiat sekedhik baka sekedhik badhe nutupi manahipun, jalari angel badhe pikantuk pitedahipun Allah Swt. Dhawuhipun Allah Swt. wonten ing Al-Qur’an:

مَنْ عَمِلَ صَالِحًا فَلِنَفْسِهِ ۖ وَمَنْ أَسَاءَ فَعَلَيْهَا ۗ وَمَا رَبُّكَ بِظَلَّامٍ لِلْعَبِيدِ

“Sing sapa wonge kang ngamal shalih mula (ganjarane) kanggo dheweke dhewe lan sing sapa wonge kang ngamal jahat mula (dosane) marang dheweke dhewe, lan babar pisan Pangeran ira ora nganingaya para kawula-Ne.” (QS. Fussilat [41]:46).

Dhawuhipun Allah Swt. wonten ing ayat sanesipun:

“He wong-wong kang padha iman, reksanen awakmu; (jalaran) wong-wong kang sasar iku ora bakal mbebayani marang sira, lamun sira wus antuk pituduh…. .” (QS. Al-Maidah [5]:105).


Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Swt.
Sasampunipun kita ikhtiyar lahir ingkang awujud uwujud usaha nyata, lajeng kita kedah ikhtityar batin ingkang awujud pamuji lan donga dhumateng ngarsanipun Allah Swt. ingkang supados iman kita dipun reksa dening Allah  Dzat ingkang molak-malikaken manah.
Estunipun boten dipun-awisi dening agami kita Islam donga kanthi basa lan lafadz punapa kemawon, jalaran Allah Swt. Maha Mangertosi sadaya basa punapa kemawon, malah kepara krenteg ing manah kemawon Allah Swt. sampun pirsa. Namung kemawon tumrap tiyang Islam kadhawuhan ndherek (ittiba’) dhumateng Allah Swt. lan Rasulullah saw. kalebet ugi caranipun donga jalaran ndonga ingkang dipunajaraken Allah lan Rasul-Ipun punika minangka sae-saenipun donga ingkang kawastanan do’a-do’a ma’tsur.
Do’a-do’a ma’tsur kangge jagi amrih iamn kita istiqamah antawisipun inggih punika:
  
“(Dheweke kabeh padha ndonga): “Dhuh Gusti Pangeran kula, mugi sampun Panjenengan dadosaken manah kula sedaya punika condhong dhumateng (tumindak) ingkang sasar, sasampunipun Panjenengan paring pitedah dhumateng kula sadaya, lan Panjenengan paringaken dhumateng kula sadaya rahmat saking ngarsa Panjenengan, awit sejatosipun inggih namung Panjenengan piyambak ingkang Agung peparingipun (rahmat).” (QS. Ali Imran [3]:8).

“Dhuh Gusti pangeran kula, mugi Panjenengan paring pangapunten dhumateng dosa-dosa kula lan sedaya tumindak kula ingakng sampun nglangkungi wates ing salebetipun urusan kula lan mugi netepaken dhumateng keyakinan kula, lan mugi Panjenengan paring pitulungan dhumateng kula ngadhepi kaum ingkang kafir.” (QS. Ali Imran [3]:147).

“Dhuh pangeran kula, mugi Panjenengan paring dhumateng kula sadaya rahmat saking ngarsa Panjenengan, lan mugi nyampurnakaken dhumateng kula sadaya pitedah ingkang jejeg wonten ing urusan kula sadaya (punika).” (QS. Ali Imran [3]:10).
Lan taksih kathah malih donga ing Al-Qur’an ingkang boten saged kula aturaken wonten ing khutbah punika. Sumangga kula aturi maos piyambak. Wondene donga ingkang saking As-Sunnah inggih punika, antawisipun:

يَامُقَلِبَ الْقُلُوْبِ ثَبِتْ قَلْبِ عَلَى دِيْنِكَ. (رواه الترمذى وأحمد).

“Dhuh Gusti ingkang molak-malikaken manah, kekahaken manah kula dhumateng agami Panjenengan.” (HR. Tirmidzi).

اَلَّلهُمَّ يَامُصَرِّفَ الْقُلُوْبِ صَرِّفْ قُلُوْبَنَا عَلَى طَاعَتِكَ. (رواه مسلم).

“Ya Allah, Dzat ingkang nyondhongaken manah, condhongaken manah-manah kula sedaya kangge tha’at dhumateng Panjenengan.” (HR. Muslim).

اَلَلهُمَّ إِنِّيْ أَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالْعَفَافَ وَالْغِنَى. (رواه مسلم)

“Ya Allah, estunipun kula nyuwun pitedah, ketakwaan, kesucian (dipun-tebihaken saking perkawis ingkang boten halal/boten sae), lan kacekapan.” (HR. Muslim).


Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Swt.
Makaten cara-cara kita kangge jagi amrih iman kita saged istiqamah. Mugi-mugi Allah Swt. tansah jagi keimanan kita sedaya ngantos benjang pejah tetep bekta iman. Amin x3.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.

Related Posts: